CONTOH Naskah / Teks MC Acara Siraman Calon Pengantin Jawa: Lampah Ingkang Kapisan, Ssungkemipun Pengantin

- 25 Januari 2024, 12:00 WIB
Contoh Naskah / Teks MC Acara Siraman Calon Pengantin Jawa:  Lampah Ingkang Kapisan, Ssungkemipun Pengantin, Semoga bisa jadi Inspirasi MC
Contoh Naskah / Teks MC Acara Siraman Calon Pengantin Jawa: Lampah Ingkang Kapisan, Ssungkemipun Pengantin, Semoga bisa jadi Inspirasi MC /Dok Humas Penda DIY

INDOTRENDS.ID - Contoh Naskah / Teks MC Acara Siraman Calon Pengantin Jawa:  Lampah Ingkang Kapisan, Ssungkemipun Pengantin, Semoga bisa jadi Inspirasi para MC 

Assalamu alaikum warrahmatullahi wabarrakatuh

Para sesepuh, para pinisepuh, sarta sagung para tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan.

Mugi Sih Rahmat Nugrahaning Gusti Allah Ingkang Maha Agung kapatedhakna dhumateng kita sedaya, hing satemah sageda hanyembuh kawilujengan lahir lan batos.

Minangka pambuka, sumangga kita sedaya tanpa kendhat tansah hameminta, mugi Sih Wilasa Wilasanipun Pangeran, tansah sumrambaha hing papan menika, satemah hamung pinanggih wilujeng raharja nir ing sambekala.

Kanthi tansah hanyenyadhang rahmat saha berkahing Allah Ingkang Maha Asih, keparengna kula ingkang jejer pambiwara ngaturaken rancanganing lampah-lampah tatacara siraman badhe penganten putri saha sadeyan dhawet ing siyang menika, wondene pratelanipun mekaten:

1. Lampah ingkang kapisan, sungkemipun badhe pengantin Roro Sekar Ayu Prabandari dhumateng Rama sarta Ibu

2. Manawi sampun purna anggenipun sungkem, Rara Dewi Kartika tumuli kakanthi tumuju ing papan siraman. Dupi badhe penganten sampun satata lenggah, tatacara siraman lajeng katindakaken.

Halaman:

Editor: Dian Toro


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x